Rabu, 27 Januari 2016

Tugas Bahasa Jawa : Sesorah

"Tugas Bahasa Jawa : Sesorah"

 selamat datang di blog sederhana saya, kali ini saya akan bagikan sebuah pidato bahasa jawa atau bisa disebut sesorah. alhamdulilah sesorahnya nggak begitu panjang jadi nggak menguras waktu Anda. Oke langsung saja  nggak usah terlalu banyak kata langsung saja nih.
Assalamu’alaikum Wr. Wb

Ingkang kinurmatan Bapak/ Ibu Guru , saha rencang-rencang ingkang kula tresnani
Ingkang rumiyin, mangga kita sami ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring rahmat sarta hidayahipun saengga kita sedaya saged makempal wonten ing mriki kanthi sehat walafiat.
Ing pidato punika kula badhe ngrembug babagan “Pentingipun Nglestarikaken Budaya Indonesia”.
Kita sadaya sampun mangertos budaya Indonesia menika maneka warna, kados : wayang , batik , tari-tarian , lsp. Lakung-langkung menika kita mangertos menawi budaya Indonesia menika sampun kathah ingkang dipunsampingaken dening bangsa Indonesia kiyambak. Khususipun kawula mudha. Kathah kawula mudha ingkang kepencut dening budaya saking Barat. Budaya iku kados : bridge dance, lagu rock n roll, rambut kang dicukur awut-awutan , lsp. Budaya kados punika ingkang jalari runtuhipun rasa Nasioanalisme bangsa Indonesia. Mlebetipun budaya barat sampun mengaruhi lan ngrusak citra bangsa Indonesia kiyambak. Kathahipun budaya barat kang sampun mlebet ing Indonesia ndadosaken pengaruhi negatif kangge bangsa Indonesia. Pemerintah kedah saged milah-milah budaya saking barat pundi ingkang saged dipuntampi utawi dipunicali saking Indonesia.
Para rawuh ingkang kinurmatan lan  kula tresnani ,
Awit punika, kita sedaya kedah nambah raos tresno kita dhumateng Tanah Air kita tercinta. Tuladhanipun inggih punika nglestarikaken budaya bangsa Indonesia. Supados budaya kita mboten ical lan tasih saged dipunsekseni dening putu lan wayah kita mbenjang.  Dados , sumangga kita  Njaga lan Nglestarikaken Budaya Indonesia!!
Wasana , cekap semanten ingkang saged kula sampekaken. Menawi wonten lepat kula nyuwun agunging pangaksami. Nuwun.
Wassalamualikum Wr. Wb

itu saja yang bisa saya berikan , apabila ada kesalahan mohon tidak di maafkan karena semuanya karena tangan saya, hehehe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar