Kamis, 28 Januari 2016

Contoh Tembang Mocopat Gambuh

selamat datang di blog saya, sebelumnya terima kasih karena sudah visit blog saya. Kali ini saya akan bagikan sebuah contoh tembang mocopat gambuh. sebelumnya saya akan sedikit memberi pengetahuan tentang mocopat gambuh berikut ini.
Tembang Gambuh iku kalebu perangane tembang mocopat, amarga kawengku dening paugeran yaiku: guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
  1.  Guru gatra yaiku cacahe larikan saben sapada tembang mocopat.
  2.  Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben gatrane tembang mocopat.
  3.  Guru lagu yaiku tibaning swara saben pungkasane gatraning tembang mocopat.
  4.  sasmita tembang yaiku unen-unen utawa tetembungan sing kena kanggo menehi tandha utawa  pralambang jenenge tembang. Dene dununge sasmita iku ora ajeg, bisa ana ngarep, tengah  utawa mburi.
  5.  Watake tmbang yaiku watak sing diduweni dening saben tembang.
gatekna katerangane ing ngisor iki :
Guru gatrane tembang gambuh yaiku ana 5 larik utawa 5 gatra
Guru wilangane tembang gambuh yaiku :7 wanda, 10 wanda, 12 wanda, 8 wanda, 8 wanda
Guru lagune tembang gambuh yaiku : u, u, i, u, o
Sasmitane tembang gambuh : embuh, tambuh, sembuh, imbuh, kambuh, wimbuh lan sapanunggalane.
Watake tembang gambuh yaiku : sumanak, sumadulur, prayoga kanggo aweh pitutur utawa sesorah sing rada sereng.

tuladhane tembang gambuh

Sekar gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur katula tula katali
kadaluwarsa katutuh
kapatuhpan dadi awon

samengko ingsun tutur
sembah catur supaya lumuntur
dhihin raga cipta jiwa rasa kaki
ing kono lamun tinemu
tandha nugrahaning Manon

sembah raga puniku
pakartine wong amagang laku
sesucine asarana saking warih
kang wus lumrah limang wektu
wantu wataking wewaton

Ing nguni uni durung
sinarawung wulang kang sinerung
lagi iki bangsa khas ngetokken anggit
mintokken kawignyanipun
saringate elok-elok

Thithik kaya santri dul
gajeg kadi santri brai kidul
saurute pacitan pinggir pasisir
ewon wong kang padha nggugu
anggere padha nyelemong

Kasusu arsa weruh
cahyaning Hyang kinira yen karuh
ngarep arep kurup arsa den kurebi
tan weruh yen urip iku
akale keliru enggon

Yenta jaman rumuhun
tata titi tumrah tumaruntun
bansa sri'at tan winor lan laku batin
dadi nora duwe bingung
kang padha nembah Hyang Manon

hanya itu saja yang dapat saya berikan semoga bermanfaat bagi kalian semuanya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar