Kamis, 28 Januari 2016

Cara Gawe Pariwara Rungon Basa Jawa

"Cara Gawe Pariwara Rungon Basa Jawa"

Pariwara rungon yaiku pariwara sing dibiwarakake saka media swara. Radhio utawa swara lagu.
Sadurunge gawe pariwara kudu nggatekake apa wae sing kudu ditulis sajroning pariwara kasebut.
Bab-bab sing kudu dimangerteni yaiku :

1.      Jeneng barang sing dibiwarakake.
2.      Katujokake marang sapa pariwara iku.
3.      Apa isine pariwara iku.
4.      Papan panggonan pariwara iku bakal ditindakake.
5.      Kapan wektune pariwara iku ditindakake.
6.      Kepiye manawa kaya pariwara lan yen kaya pariwara.
7.      Ya gene kudu pariwara.

Tuladha pariwara :

·         Iklan informatif

Sedulur-sedulur  Gudheg Mbok Menuk wiwit dina Kemis, tanggal 31 Desember pindhah
panggonane, nanging sanadyan pindhah panggonan ora pindhah rasane, ora beda layanane,
prasmanan, lungguh lesehan, teh manis gratis. Ayo sedulur saiki uga rawuh dhahar Gudheg
Mbok Menuk, ana ratan Tanjung nomer 3 Karangasem.

·         Iklan persuasif

Pamiyarsa budiman..... ana prodhuk anyar racikan rabuk organik, merek “Gunung Sari” luwih
Ngirit, nanging dayane ngedap-edapi, oyote dadi kuwat, godhong dadi ketel, uwohe mbeyeyek tenan. Ora mung ngrungokake wektune siki padha mbuktekake, rawuh wae ana kios “Sari
Makmur” ing Ratan Sida Mukti Karangturi.

·         Iklan Reminder

Sedhelok maneh wektu udan bakal teka, wancine padha nenandur buah-buahan, tinimbang kentekan stok saiki wae enggal mundhut winih buah-buahan, sumadya bibit buah-buahan kwalitas Unggul, rega murah bathi ngembrah. Ora padha susah rawuh wae ana wahana “Bibit Unggul” ing
Ratan Menur nomer 3 Kadilangu.

·         Tuladha iklan liyane

Priwara Pagelaran Ringgit Wacucal

Salebeting pengetan ulang taun madegipun Paguyuban Pamitran Puspawarna ingkang kaping sekawan welas, badhe ngawontenaken pagelaran ringgit wacucal sedalu natas, mbenjing dinten Minggu Paing tanggal 20 Februari 2015, manggen wonten ing  Sanggar Sawo Jajar ing Perum RRI Jajar Surakarta, dhalang badhe katindakake dening Ki Dwijahadinagara Lebda Carita, kanthi mendhet lakon “Babat Alas Mertani”, sinengkuyung sindhen Nyi Minul. Bintang tamu lawak kondhang Kirun lan Yati Pesek, sumangga sami rawuh mirsani, wilujeng mirsani.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar