Rabu, 27 Januari 2016

SESORAH

Sesorah yaiku micara ing sangarepe wong akeh kanthi ancas utawa tujuan tartamtu.

Wondene ancase wong sesorah yaiku :
  • atur pambagya
  • maringi informasi
  • atur pangajak
  • atur panglipur
  • paring panyaruwe
Bab wigati nalika sesorah
            Supaya anggone sesorah bias kaleksanan kanthi becik, mula sing sesorah kudu nggatekake bab :
  1.  Basa
  • Basa sing digunakake kudu laras/cocog karo sing disdhepi. Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah utawa luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa krama digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa utawa wong sing kudu dikurmati.
  • Wong sing sesorah iku uga kudu ngerti kahanan, yen ing desa utawa kampong bias nggunakake basa krama kabeh, nanging yen ing kutha bias kacampur bahasa Indonesia laras karo sing mirengake.
  • Manut kanyatan ana ing adicara temanten, syukuran, supitan, tanggap warsa (ulang tahun), basa sing digunakake yaiku basa krama sing becik kacampuran basa rinengga supaya becik menawa dirungokake lan tandha kurmat marang tamu sing padha rawuh. Prayogane basa sing digunakake iku prasaja, ukarane ora ngambra-ambra lan wusanane penak dirungokake dening wong liya.
     2. Busana
  • Ajining raga saka busana. Menawa sesorah prayogane migunakake busana sing becik lan sopan. Bab iki kajaba ngurmati sing padha mirengaken sesorah uga bias kanggo njagani lan ngajeni awake dhewe. Busana uga kalarasake karo kahanan lan tujuan.
     3.      Swara
  • Wiramaning swara sing kepenak dirungokake, aja keseron utawa alon banget anggone ngucapake tetembungan sing cetha, ora groyok, ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dingerteni karepe, iramane ora lugu kaya wong maca buku.
     4.      Solah bawa, patrap (sikap)
  • Solah bawane wong sesorah iku kudu manteb lan teteg madhep marang pamriksa, tangan ngapurancang, aja tumungkul/ndhingkluk lan aja ndangak.

Methode utawa teknike wong pidhato utawa sesorah ana :
  • methode maca teks
  • methode apalan
  • methode ekstemporan
  • methode impromptu
Wong sesorah kudu urut lan sistematis ,urutan-urutane sesorah kaya ing ngisor iki :
  • salam pambuka
  • atur pakurmatan
  • atur puji syukur marang Gusti Alloh
  • atur panuwun marang para tamu
  • surasa
  • pangarep-arep
  • atur pangapura
  • salam panutup
Contoh ne....


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Katur panjenenganipun Bpk ingkang kula hormati, Bpk. Ibu guru ingkang kula hormati, rencang-rencang ingkang kula tresnani. (Salam Pembuka + Pakurmatan )

Naming sakderengipun, lgangkung rumiyen sumonggo tansah ngunjukaken puji syukur wonten ngarsaning Gusti ingkang Moho Agung. Injih awit panjenengan dalasan kula tasih pinarengaken kepal manunggal kanti pinaringan kasarasan soho kawilujengan amin. ( Puji Syukur + Panuwun )

Kepareng kula matur sak untawis, ngaturaken babakan narkoba, kita mangertosi wekdal menika narkoba saben ndinte dados berita tumanter, TV, napa dene media masa utawi Koran. Kita mangertosi bilih narkoba menika dados awisan, tumraping negri langkung-langkung agami, awit sosinteno ingkang ngomsumsi narkoba, tumindak ipu badhe nalisir saking kasusilan. Sanget kemawan tumindak ingkang ngrungak aken tiang sanes, lan ugi kathah ingkang melebet penjara goro-goro narkoba. Awit tiyang ingkang ngomsumsi narkoba, ical kesadaranipun lan gampil tumindah anarkis, kados ipun, mejahi tiyang, mbegal, jambret lan sanes-sanes ipun. Narkoba ngrusak jasmani soho rohani, sak sinteno tiyang ingkang ngomsumsi, mboten pejabat, mboten artis, mboten rakyat, mboten guru, mboten murid, mboten sugih, mboten miskin, pramila kanthi mekaten, monggo sareng-sareng kita tebihi narkoba, kita perangi narkoba, supados kita mboten kecemplung jurang keseseng saran, langkung-langkung dumateng generasi muda, minangka kusumaning monggo kita berjuang kanti sekuat tenaga, nebihi soho merangi narkoba, ampun ngantos kita gampil kepikut barang ingkang haram meniko, ingkang badhe mbeto kito dating tumindak ingkang nalisir, saking kautamen, soho kasusilaan , ingkan tundhopipun dawah dumateng jurang kesesen saran.(Pangarep-arep)

Kula kinten naming mekaten ingkang saget kula atur aken mugi-mugi sanget ndados ake pepenget tumrap kita sedoyo lan ambok bilih agen kula matur katah kekuranganipun, kula nyuwun agenging pangapunten, ingkang mboten mranani ing panggalih. panutuping atur Wabillahi taufik wal hidaya. ( Pangapuro  + Salam Penutup)

Wassalamu’alaikum Wr. Wb(Salam Penutup)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar